29 Mei 2009

KUMANDHANG KIDUNG PANANDHANG
( disadur saka: Aburing kupu-kupu kuning, G.P Sindhunata,SJ )

…Dumadakan sikilku kang wiwit krasa kesel kaya-kaya ngajak aku ngaso ing Stasiun Gubeng.
Aku lungguh ing bangku péron. Manèh ing sisihku ana sawijining em¬bok setengah tuwa, nganggo kudhung lan nggawa tas kothong, tas nam¬naman plastik. Simbok iki katoné ora jenjem atiné.
"Ajeng teng pundi, Mbok?" pitakonku
"Teng Sidoarjo, wangsul," wangsulané cekak. Sabanjuré, aku. lan dhewèké bali padhadéné meneng. Ketara banget yèn simbok iki ora bisa ndhelikaké rasaning ati kang kisruh.
"Sepur sing teng Sidoarjo pundi nggih Nak?" pitakoné.
"Kénging napa ta Mbok?"
"Rak ngèten ta Nak. Kula niki tilik putu teng Surabaya, bekta arta Rp600,00. Arta sing Rp 450,00 kula tukokna gedhang damel olèh-olèh. Arta kula kantun Rp 150,00 ajeng kanggé ongkos wangsul numpak sepur. Tapi jaré kondhèturé saniki teng Sidoarjo ongkosé Rp 400,00" kandhané simbok mau mawa logat Jawa Timuran kang medhok. Simbok iki kayadéné penumpang sawatara liyané pancèn ora padha tuku karcis. Wong-wong iki mung mbayar marang kondhèkturé, nyogok.Manut sing uwis-uwis, adaté kondhèktur wis trima diwènèhi bebungah Rp150.00 Saikiné njaluk undhakan Rp 400,00 mangka simbok iki mau sangune mung pas-pasan.
"Nika lho nak tiyangé, sing nganggé kupluk," panggrundelé simbok mau karo nudingi lokèt. Bisa dikira-kira gèk sepira bingungé, kisruhé ati simbok kang lagi ana paran adoh saka omahé iki. Dakrogoh sakku, dakwènèhi Simbok iki dhuwit Rp 1.000,00
"Niki Mbok, sampèyan pèk," kandhaku. Simbok mau katoné ora percaya, lan ora agé-agé gelem nampani pawèwèhku. Dhewèké mung me¬neng waé, mula banjur dakdhesek supaya ora tidha-tidha lan gelem nampani.
"Saèstu ta nak, arta niki sampèyan paringaken kula?" pitakoné semu isih kurang percaya.
"Inggih Mbok, pun ta mang pèk" pandhesekku ngyakinaké.
"Oh Alhamdullilah, Nak, matur nuwun, nggih! Mosok nyana, Pangèran maringi kula kayak ngèten. Matur nuwun 'nggih Nak, mugi-mugi sampèyan tansah slamet," kandhané karo nggegem kenceng tanganku. Aku weruh mripaté kaca- kaca kagawa saka bungahé. Eluh ing mripaté mau kaya-kaya ngajak aku ngaturaké puji syukur konjuk ing Pangèran. Dumadakan kesaru tekané sepur Bima jurusan Jakarta mlebu pèron. Mung sedhèla anggoné mandheg, Sepur Bima iki mangkat nerusaké laku. Déné sepur murah tujuwan Malang genti mlebu péron. Kanthi rasa abot Simbok iki pamit ninggalaké aku. Aku kang isih kèri ana ing péron ngrasa syukur lan lega nalika dhèwèké wis olèh papan linggih ing sajroné sepur iku.
Aku ora gawé-gawé, mèndah sepira begjané simbok kang mung oleh Rp 1000,00,– kuwi – nanging kang krasa luwih déning begja, tinimbang wong sugih kang dumadakan waé oleh bebathèn sayuta. Atine wong cilik lan mlarat mono yektiné kebak wewengan lan tansah cumadhang, tundhoné ati mau gampang nampa kabecikan sanajana wujuding kabecikan mau mung cilik sepélé anané.
Adoh banget sungsaté karo wong kang mbrèwu. Atiné ora tinarbuka. Sanajan to yutan dhuwit pada teka, atiné mung sepa-sepa waé. Kosok baline wong cilik, sanajan mung nampa sathithik, dhèwèké yakin yèn sih kadarman kang mung cilik mau ya wujuding sih peparing Dalem Pangèran. Kosok¬baliné, Pangèran kaya-kaya musna saka atine wong sugih, sanajan yektiné Panjenengané wis paring rezeki torah-torah marang dhèwèké iki.
………………………………………………………………………………………………………………………….